Geguritan (berasal dari bahasa Jawa Tengahan, kata dasar: gurit, berarti "tatahan", "coretan") merupakan bentuk puisi yang berkembang di kalangan penutur bahasa Jawa dan Bali.
Geguritan berkembang dari tembang, sehingga dikenal beberapa bentuk geguritan yang berbeda. Dalam bentuk yang awal, geguritan berwujud nyanyian yang memiliki sanjak tertentu. Di Bali berkembang bentuk geguritan semacam ini. Pengertian geguritan di Jawa telah berkembang menjadi sinonim dengan puisi bebas, yaitu puisi yang tidak mengikatkan diri pada aturan metrum, sajak, serta lagu.
Geguritan merupakan salah satu penciri sastra Jawa Modern yang sangat berkembang, diajarkan di sekolah-sekolah dan kerap dilombakan.
Demikian penjelasan singkat mengenai apa itu GEGURITAN.
Sumber : https://id.m.wikipedia.org/wiki/Geguritan
Selanjutnya, ada secuil kenangan dari kakek. Sengaja saya sisipkan di blog ini. Sebagai obat kerinduan saya dengan beliau.
HADI MULYONO
Lair ing Sidowayah, Rembang 23 Januari 1944. Pindhah Bojonegoro taun 1956. Aktif nulis geguritan ing dekade 80-an, terus mandheg nganti saiki. Hadi Mulyono melu ngedegake Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro. Sempat melu Sarasehan Jatidiri sastra Daerah sa Indonesia ing Bojonegoro taun 1984 kang diadakake PSJB lan OPSJ.
Ini sebagian karya-karya beliau yang terdapat di buku
"Bojonegoro Ing Gurit"
Penerbit NARASI Yogyakarta
Cetakan I, 2006
ISBN 979-7564-91-6
MLIWIS PUTIH
Dudu prabu Anglingdarma
kang bisa mancala warna
Mung sawijining lurung
sing nyigar jantunging kampung
Rina wengi wira-wiri
Mudha-mudhi
Kakli lan nini
kang setya ngabekti
Ing tlatah iki dakpethik
puspa pujaning ati
Ing tlatah iki dakpungkasi
kidung pangumbaran
Ing tlatah iki dak temu
terminal kang pungkasan
Lurung kampung kang kebak memori
Nggarit ana telenging ati
Mliwis Putih 173
PSJB 1983
PANJEBAR SEMANGAT No. 53
Tanggal 31 Desember 1983
NGROWO
Rikala sepisanan aku jumangkah
miyaki gisikmu
Isih katon cetha birune langitmu
Nguncalake esem ngrangkul ati
Ngrowo, ...
Ing pucuke wengi endah
Koktampa pasuwitanku
Kokkulungake sagagang puspamu
minangka tetimbangan urip
kanthi tulusing ati
Ngrowo, ...
Wengi kang endah tansah gumawang
Kairing tresna asihmu
Isih katon cetha ing ati iki
Lembaran-lembaran crita lawas
Rinengga ing pangkonmu
Rinuket sampur prasetya dasih
Ngrowo, ...
Wektumu tansah lumaku
Kairing pahit manising lelakon
Kang ngrenmanggani urip iki
Dakpecaki ing gisikmu
Mliwis Putih - Bojonegoro
1983
SAWIJINING ESUK ING PESISIR BINANGUN
Sawijining esuk nalika sikilku jumangkah
Mecaki gumelare wedhi putih
Miyaki kaendahan, kapaesan
Perahu-perahu nelayan, padha kekiprah
satengahing samodra
Ing gumulunge ombak samodra
Kang kebak barang piguna
Para kadang misaya mina padha sengkut
Makarya ngupaya boga
Rinenga sumilire samirana lan sunare surya
Minangka cathetan panguripan ing tlatah iki
Esuk iku dakbisikake marang sliramu
Oh ... pesisir Binangun ...
Ati lan pandulu kasengsem
nyawang endahe kenya sulistya
Cathetan saka pesisir Binangun
21 April 1984
PANJEBAR SEMANGAT No. 20
Tanggal 19 Mei 1984
CURUG SEWU
Rembulan kang singidan
Satengahe gegrumbulan
jurang lan grojogan
Katon nyungging esem
mrepegi kang lagi prapta
Sunare netramu agung sinawang
Tanpa ngindhit sengit lan nyangga rubeda
Ing sela-selane panoramamu
Dakronce gurit katresnan
Kairing sumilire samirana
Birune banyu gumrojog
Ngeduyu mancali atose watu
Minangka tandha setya tuhu
Anggonmu ngemban dhawuhing Hyang
Dudu peni-peni raja peni
Guru bakal guru dadi
Minangka pisungsung marang sliramu
ana ing wijiling tresna tulus
Tinulis ing Curug Sewu
Awal 1983
PANJEBAR SEMANGAT No. 42
Tanggal 16 Juni 1984
Penggurit-penggurit Bojonegoro selengkapnya : http://sastra-bojonegoro.blogspot.co.id/2010/10/antologi-psjb-bojonegoro-ing-gurit.html?m=1
0 komentar:
Posting Komentar